Kamis, 23 Februari 2012

KITAB BAHRUL LAHUT

Bismillahirohmanirokhim

Puniko Kitab Bahrul Lahut

    Utawi kabeh pengalem iku mung kagungane allah kang wus ndadeake sopo dzat ing nur Muhammad kelawan kuwasane Allah/dzat. Utawi rohmat ta’dhim lan roba(keslametane Alloh iku mugo tetep ing atase gusti kito rupane njeng nabi Muhammad kang dadi kekasihe Alloh lan dadi slirane Alloh lan keluargane njeng nabi lan golongane njeng nabi, kale sekabehane kabeh, Utawi ono pun sakwuse kang sinebut).
       Mongko dawuh Syeh Abdulloh kang ngerti ing sejatine Alloh, mugo nyuceake sopo Alloh ing rasane Syeh Abdulloh lan rohe Syeh Abdulloh kang Agung. Ing dalem nyritakake Perkoro kang samar lan alam ketingalan. 
       Moko nganggit soko Syeh Abdulloh ing keterangane ilmune Alloh. Lan den tulis opo ilmu ono ing kitab. Lan ngarani ingsung ing kitab ing aran kitab Bahrul Lahut.  Yakni negesi sopo ingsun: Ora ana wangenane lan ora ana pungkasane keduwe wong kang ana sopo wong kang gelem ngaji sopo wong ing Kitab,iku kabegjan krono iku tetep ing ndalem Kitab nyritak-nyeritakake keagungane Allah Tak ala.
       Lan krono setuhune keagungane Alloh kang moho luhur iku ora ana wewangenane lan ora ana pungkasane.
       Ngertio siro lan rikolo durung ono opo sekabehane jagad lan sekabehane kang dumadi iki durung ketingal opo wujude Alloh Tak Ala. Utawi wujude allah disek / dihin tur suwiji,tegese ora ana kang ngancani keduwe Alloh, Utawi yo Allah iku wujud Dhiya’ (Padhang) kang jembar, tur kang suci, tur kang bening, tur kang bersih, dene utawi wujude keagungane Alloh iku ora ana wilangane ingatase pungkasane ke Agungane Alloh.
       Ngertio Siro: sak temene sejatine Alloh Ta’ala tekone durung berahi sopo Alloh ta’ala iku ora ana jaman lan ora ana panggonan lan ora ana nduwur utowo ngisor, ora ana tengen ora ono kiwo krono utawi Nur Muhammad iku durung ana krono sak temene Aras lan Kursi lan pitu piro-piro langit lan pitu piro-piro bumi lan ahline langit lan bumi kale sekabehane wus ndadekake sopo Allah saking Nure Kanjeng Nabi Muhammad,sak wuse dumadine Nur Muhammad mongso 50.000 tahun. Lan sak temene sifat keagungane iku keduwe Kanjeng Nabi Muhammad utawi Nur Muhammad iku tetep ing ndalem keagungane Alloh Ta’ala, Mungguh sejatine tegese ngertio siro sak temene Alloh ta’ala iku wus ndadekake sopo Alloh Ta’ala ing sekabehe barang kang dumadi iku saking Nur wilayah tegese saking Nure Kanjeng Nabi Muhammad.
       Dene utawi Nure wilayah iku saking Nure Alloh Ta’ala. Lan ngertio siro sak temene sifate Wali lan sifate Nabi utawi karo-karone Nabi lan Wali iku dadi sifat karone keduwe njeng Nabi Muhammad. Kerono Sak temene Njeng Nabi Muhammad utawi asmane Njeng Nabi Muhammad mungguh dhohire iku sifate Nabi, utawi asmane Njeng Nabi Muhamad  mungguh batine iku sifate wali wes dawuh sopo wong kang ngerti sejatine Alloh saking wong kang ahli ibadah dalane ma’rifat. Utawi wiwitane nyatane keagungan Alloh tegese wiwitane nyatane keagungane Alloh kang moho luhur sopo Alloh ing ndalem kawitane. Uwati awale at tajali iku wujude Nur Muhammad tegese sak wuse sampurnane wujude Nur Muhammad. Utawi iyo Nur Muhammad tegese iku nggon kumpule piro-piro rohe sekabehane piro-piro mahluk, lan kumpule piro-piro sekabehane malaikat lan sekabehane piro-piro barang kang dumadi.
       Lan ngertio siro saktemene kang aran johar awal iku alam kang gede. Utawi yo alam kang gede iku roh idhofi saking dzate Alloh Ta’ala tegese ngertio siro yen sejatine Alloh Ta’ala nalikane mulai berahi tegese berahine sifat jalal iku ndadekake  sopo Alloh ing johar awal. Utawi iyo johar awal iku alam kang gede iku roh idhofi. Saking Dzate Alloh kang Maha Luhur sopo Alloh Ta’ala, tegese saking kersane Alloh lan saking kuwasane Alloh kang Maha luhur lan saking suwijine Alloh Ta’ala.
       Lan ngertio siro yen sejatine Alloh Ta’ala iku ndadekake sopo Alloh Ta’ala ing sekabehane barang kang dumadi lan sekabehane alam. Utawi iyo sekabehe suwiji-wiji iku nyatane wujude Aras lan wujude Kursi lan wujude papane tulis(lauh) lan wujude gambar lan piro-piro langit lan piro-piro bumi, suwargo lan neraka lan ahline kabeh.   
       Lan wujude saben-saben werno-werno kang endah-endah saking wujude serngenge, rembuan,lintang,langit lan wujude ahline kabeh nyatane saking wujude piro-piro manungso lan wujude piro-piro malaikat lan wujude bumi lan ahline bumi nyatane wujude piro-piro manungso lan wujude piro-piro khayawan lan wujude piro-piro jin lan wujude piro-piro syetan lan wujude wujute kabeh kang dumadi, kale sekabehane iku metu saking roh Idhofi kang ana beninge Nur wilayah lan sampurnane Nur wilayah. dene utawi sekabehane kang tinutur utawi iyo nalika iku keagungane Alloh Ta’ala.
       Kerono ningali dawuhe Alloh Ta’ala ing Qur’an Nur Kharim:kerso ndadekake ingsun ing siro Muhammad kerono arah keagungan ingsun, tegese kerono arah pertelane keagungane ingsung lan ndadekake ingsun ing barang kang dumadi kerono arah keagungan siro tegese kerono arah pertelane keagungan siro Nur Muhammad.

       Wus dawuh Syeh Abudullah al arif: ngertio siro saktemene Alloh Ta’ala iku kerso ndadekake ing kabeh kang dumadi kanti lantaran Nur wilayah jalaran saktemene Nur Muhammad iku wus sampurno. Kerono ningali dawuhe Alloh Ta’ala ing Qur’an:utawi sejatine Alloh iku wus nyampurnakake ing Nure Njeng Nabi Muhammad. Lan ngertio siro: yen saktemene Alloh Ta’ala kerso ndadekake ing kabeh malaikat saking piro-piro Nure Manungso lan kerso ndadekake ing kabeh manuso iku saking Nure kanjeng nabi Muhammad lan kerso ndadekake  Nur Muhammad saking Nure Alloh Ta’ala.  

       Krono ningali dawuhe alloh ing Qur’an: wus ndade’ake ingsung ing kabeh malaikat iku saking piro-piro Nure manungso lan kerso ndadekake ingsung ing manungso. Saking Nur Wilayah tegese saking Nure Nabi Muhammad lan kerso ndadekake ingsun ing Nure Wilayah saking Nure Alloh Ta’ala kerono amrih pertelane keagungane Alloh Ta’ala.

       Dawuh Sopo Syeh Abdulloh al arif utawi Abdulloh iku saking wong kang ibadah dalane ma’rifat: dene Utawi kawitane pertelane Dzate Alloh Ta’ala iku Tegese kawitane nyatane Keagungane Alloh Ta’ala iku manggon Maring Qolam lan awit saking Qolam tumeko maring Wujude nuqoth goib lan awit saking nuqoth goib tumeko maring arane Nur Muhammad tegese ngertio siro: sak temene sejatine Alloh Ta’ala iku manggon maring arane Nur Muhammad Mongko banjur ketingal opo rupo kang nyata ing ndalem njerone kaca, utawi suratu a’yan iku mau isine roh idhofi. Dene utawi wujude Alloh Ta’ala iku Kaya upamane rupa kang nyata ing ndalem njerone Kaca.
       Moko dawuh kanjeng Nabi SAW: utawi kawitane barang kang gawe sopo Alloh Ta’ala iku iyo roh Idhofi. Nuli kerso ndadekake sopo alloh ing Nur ingsun saking Nure Alloh Ta’ala. Moko Nuli kerso ndadekake sopo Alloh Ta’ala ing Nuqoth goib, moko nuli kerso ngumpulake ing mengkono-mengkono telu mau dadi suwiji.
       Moko nuli ningali sopo Alloh Ta’ala lawan kahanan rohmat, tegese ningali sopo Alloh Ta’ala kelawan kahanane sampurnane Nur ingsun.
       Moko Nalikane wus ono opo Nur ingsun ing mangsa 50.000 tahun jumenenge maka ningali sopo Alloh Ta’ala maring Nur ingsun, moko nuli gumeter opo nur ingsun saking bangete peparinge Alloh Ta’ala / habatihi.
       Moko nuli Dawuh sopo Alloh Ta’ala maring Nur ingsun: opo dudu ingsun Pangeran niro Nur Muhammad, moko nuli matur opo Nur ingsun:” yo, Inggih pangeran dalem” moko nulih sujud opo Nur ingsun kelawan sijine Alloh Ta’ala Khomsata (kelawan lima) sujudan. Dene  utawi sujud ingsun ing mangsa 50.000 tahun. Ing limang sujudan maring suwijine Alloh Ta’ala iku kerana aweh isyaroh yen mulo sak temene Alloh Ta’ala iku merdho’ake saking ingsun lan umat ingsun nindakake sholat ing dalem sedino lan sewengi ing sholat limang wektu.
       Wus dawuh sopo wong kang ahli ilmu: utawi kawitane brahine Allah Ta’ala iku manggon maring Qolam , tegese Kenyata’ane Dzate Alloh Ta’ala kang sak wuse brahi iku manggon maring Qolam. Lan awit saking Qolam tumeko maring wujude nuqoth goib lan awit saking wujude nuqoth goib tumeko maring arahe Nur Muhammad lan awit saking Nur Muhammad maka metu tumeko maring lauh mahfud nuli ketingal opo gambar tegese nyata ingatase gambar lan ingatase wujude sakabehane opo kang di dade’ake Alloh lan wujude sekabehane barang kang dumadi.
       Dene kabeh kang dumadi iku mau iku nyatane keagungane Nur Wilayah, dene Nur wilayah iku saka keagungane Alloh Ta’ala, Dene utawi keagungane Alloh Ta’ala iku ora ana wilangane lan ora ana batese.
       Moko nuli dawuh sopo Alloh Ta’ala: Sebab Dene ingsun wis wujud apa barang-barang kang wis wujud, sebab dene ingsun maka bakal wujud apa barang-barang kang bakal wujud. 
       Dene utawi wujude piro-piro sekabehane alam iku ora maujud kang sejati balik mung aran belaka. Dene kang wujud sejati iku wujude Alloh dewe.
       Lan sak durunge iki tegese sak durunge brahine Sifat Djalal lan sifat Djamal iku ora ana duwur utowo ngisor, ora ana kiwa / tengen, ora ana panggonan/ mangsa/ wektu lan ora ana sangka-sangka ngendi-ngendi asale. Dene utawi wujude keagungane Alloh Ta’ala iku ora ana wilangane lan ora ana batese, krana ningali dawuhe Alloh Ta’ala : utawi sejatine Alloh Ta’ala iku luwih agung tegese ora wilanganne lan ora bates ing dalem keagungane Alloh Ta’ala lan ora ana kang bisa mbandingi ing Allah.
       Moko wus dawuh sopo Alloh Ta’ala: Ora ono kang mbanding ing Alloh Ta’ala opo sawiji-wiji. Dene utawi iyo Alloh Ta’ala iku Dzat kang Mikarso tur kang ningali sekabehe perkoro.
       Wus dawuh wong kang ahli rasa sejati/ ahli sirri, dawuhe utawi sejatine Alloh iku parek kang bangsa ma’nawi. Utawi iyo Alloh iku adoh kang ora ana wangenane opo adohe Allah Ta’ala. Utawi iyo Alloh iku luwih Parek di timbang karo otot gulu. Kerana Sak temene Allah iku ora ana Ngumpamani opo suwiji-wiji. Kerana ningali dawuhe Allah saktemene siro kabeh iku bisa ngerteni ing Allah kale adoh utawa bisa ningali ing Allah kale parek.
       Wus dawuh sopo wong kang ngerti ing sejatine Allah/ Ahtul musyahadati utawi paningale wong kang ningali ing sejatine Allah iku arep yen to ningali sopo syahid maring awak dewe syahid nuli ngerteni sopo syahid maring sejatine Pangerane Syahid.
       Yen mengkono wajib tumrap wong kang mu’min apa arep yen to ngerteni sopo mu’min ing jejenengan loro utawi kang kawitan arep yen to ngerteni marang awak dewene syahid, utawi kang kapindo iku arep yen to ngerteni sopo syahid maring sejatine Allah. Wus dawuh sopo wong kang ahli Isyaroh mangka Syah apa peningale wong kang ningali sejatine Alloh. Utawi kang awal iku arep ningali ing tanggal utawi kang kampindone iku ningali ing purnomo lan tetep ing ndalem angen-angen iro kale manteb maring pengeran iro. Ngertio siro saktemene kang aran islam iku dadi ibarat endah saking kalimat syahadat. Sapane wong kang maca ing kalimat syahadat mangko utawa iyo wong iku jeneng wong islam, dene utawi sampurnane islam iku wong kang ngerteni ing sejatine Alloh, utawi syahid bil haq iku wong kang ngunanake ing sejatine Allah. Kerono sejatine Syakid bil haq iku ngerti ing sejatine Allah. Soko sejatine Syahid bil haq wus dawuh sopo kanjeng Nabi Muhammad SAW.
       Sapane wong kang pikir-pikir sopo wong ing saat iku luwih bagus di timbang karo ibadah 1000 tahun. Wus dawuh  sopo wong kang manteb ing sejatine Alloh utawi anane awak ira lan sampurnane wujud iro iku kaliyan prentahe pangeran iro, krono ninggali dawuhe Allah Ta’ala : ono o sekabehe alam moko dadi ono sekabehe alam kun fa ya kun.
       Dene anane rusak iro lan perubahan iro iku kelawan kuwasane pangeran iro lan kelawan kersane pangeran iro. Kerono ningali dawuhe Alloh Ta’ala: utawi sekabehe sawiji-wiji iku keno rusak nanging Dzat e Allah dewe kang ora rusak. Utawi iyo Alloh ingatase Sawiji-sawiji iku nguasani lan iku tetep keduwe Allah utawi hukum lan maring sejatine Allah iku podo bali kabeh. Wus dawuh sopo wong kang ahli Isyaroh utawi ibarate brahine sejatine Allah iku nyatane Dzat mutlaq tegese wujude Dzat mutlaq kuwi iyo wujude Dzat mutlaq iku rupo kang nyata ing ndalem njerohe kaca, utawi iyo rupa kang nyata iku kahanane brahine Alloh.dene utawi wujude Dzat mutlaq iku wujude Dzate Allah Ta’ala.
       Ngertio siro dene utawi brahine Alloh iku ana loro:
1. Utawi kang kawitan iku brahine sifat jalal
2. Utawi kang kapindone iku brahine sifat jamal
       Dene utawi braine sifat jalal iku ora tetep kelawan Dzate Allah. tegese yaiku Qodim. Utawi iyo braine sifat jalal iku kahanan braine allah, utawi braine sifat jamal iku ora tetep kelawan Dzate Alloh, tegese Wujude Dzat mutlaq yoiku wujude kabeh alam.Dene utawi kang brai iku dadi tupo tulodo saking kersane Alloh Ta’ala.
       Utawi nyatane rupo kang nyata iku dadi contoh saking ilmune Allah Ta’ala . Dene iyo a’yan iku iyo wujude alam tur kang kinaweruhan saking ke agungane Allah Ta’ala. Lan tegese keagungane Allah. Dene Utawi Sejatine Allah iku Dzat kang dihim tur kang murba dewe (azali). Dene utawi kinaweruhane Allah Ta’ala iku kaya rupane kang den rupa ake utawi rupa kang den rupa ake iku aran kang den anyar ake dene utawi kenyataane Allah Ta’ala iku den arani kelawan wujude alam jalaran sak temene kenyataane Alloh Ta’ala iku rikolo wus nyata apa dihine kang nyata. Utawa Muqudimatul mubin iku nyatane aras nyatane kursi lan nyatane piro-piro langit lan bumi iku lan ahline kabeh kale sekabehane.Utawi dihine nyata iku tupo tulada kang den anyar ake. Utawi Alloh iku ora ana ngalih sopo Alloh Ta’ala saking Dzate Alloh Ta’ala.

       Utawi sejatine Alloh Ta’ala iku kerso ndadekake sopo Alloh ing kabeh makhluq. Utawi sejatine Alloh iku ora ngalih sopo Alloh saking murba wasesone Alloh . Dene sejatine Aloh iku ndadekake sopo Allah ing kabeh makhluq saking kuwasane Allah lan saking kersane Alloh ora saking Dzate Allah.
       Utawi sejatine Alloh iku ora katik mlebu sopo Alloh ing ndalem lauh mahfud lan ora metu soko Allah saking njabane Lauh mahfud, balik utawi rupo kang nyata ing ndalem njerone kaca lan dihine kang nyata iku tetep ing ndalem kenyataane rasane Allah. Ora ana apa dihine kang nyata iku kelawan anyar lan ora dihin jalaran sejatine haq iku dihin. Lan kerono saktemene dihine kang nyata iku sejatine ora ana tegese ora ana ing dalem sejatine. Kerono sejatine dihin kang nyata iku ora ana kelawan Dzat lan ora ana maujud.
       Wus dawuh sopo wong kang ahli Alloh: utawi braine Alloh iku kaya upamane rupa ing ndalem kaca kang bening . Moko utawi kenyataane Alloh iku dadi ketingal ing dalem njerone kaca, dene utawi roh idhofi iku iyo roh idhofi iku aran makluq jalaran sak temene roh idhofi iku saking ora ana banjur ana.
       Utawi kacane iku dihin, kang kapindo arane utawi iyo kaca iku nyata kang disik. Utawi kabeh rupo iku dadi ketingal ing ndalem njerone kaca. Utawi rupo kang ketingal ing njerone kaca iku aran kang di anyarake lan ora ana kelawan Dzate. Kerono sak temene rupo kang ketingal sak njerone kaca iku ora ana. Dene utawi wujude Alloh iku dihin kerono sak temene wujude Alloh iku tetep kelawan sifate Alloh.
       Dene utawi nyatane Alloh iku kang nyata ing ndalem njerone kaca. Utawi kang nyata ing ndalem kaca iku aran kang den braeni utawi iyo aran kang den braeni iku isine roh idhofi. Ngertio siro sak temene Dzate Alloh iku kaya rupa kang nyata ing ndalem kaca tur kang suci, tur kang bening-bersih. 
       Moko dadi ketingal opo rupa kang nyata ing ndalem njerone kaca. Utawi rupo kan nyata ing njerone kaca yaiku isine roh idhofi.
       Utawi iyo haqeqatul idhofi iku asale kabeh makhluk. Kerono sak temene piro-piro rohe makluk iku meti saking roh idhofi. Dene kanga ran roh idhofi iku panggonane Nur Muhammad lan panggonane rohe Kanjeng Nabi Muhammad, utawi kenyataane Allah iku disek tur kang murbo dewe tur selawase tanpo owah.
       Dene utawi kenyataane wujude Dzate Alloh iku Maha Luhur sopo Allah Ta’ala. Sakwuse berahi iku wujude sekabehane alam. Dene utawi wujude Dzate Allah Ta’ala kang sakdurunge berahi iku dihin tur kang murbo dewe tur kang selawase.
       Mugo-mugo ngapuro sopo Allah dateng kawulo lan dateng sedaya kaum kelawan rohmat tuwane,Dzate kang ngasihi ing wong kang asih-asih sedaya,utawi pengalem iku kagungane kang mengerani kabeh alam. 
~~~~~//~~~~~

0 komentar:

Posting Komentar